Contoh Teks cerita Drama Bahasa Jawa Lengkap dengan Sinopsis, Latar, Tokoh dan Penokohan, serta pesan dari drama tersebut




A.     SUNGGINGAN CARIYOS
Direktur dukani sekertaris amargi dikinten sekertaris kelintu damel pelaporan. Wekdal OB ngresikaken panggenanipun Direktur, OB mriksani wonten pelaporan geletakan dhateng tekel lajeng pelaporanipun diaturaken dhateng sekertaris. Sekertaris mriksani pelaporan menika, namung mboten wonten kelintuan, pelaporanipun sampun estu. Sekertaris enggal nyuwun direktur mriksani malih pelaporan menika. Direktur maos lan mriksani pelaporan menika nganthi teliti lan atos-atos. Direktur mriksani sejatine pelaporanipun sampun estu lan jangkep, namung amergi direktur ngagengaken nesu, lajeng dados mboten saged teliti lan kelintu nalika mriksani pelaporan menika.
Latar :
1.      Latar wekdal : dinten siang, dinten enjing, dinten sonten
2.      Latar panggon: panggenanipun direktur, latar perusahaan
Penokohan :
1.      Direktur 35th (Dwi Saputro) : dukoan, mboten teliti, kirang ngati-ati
2.      Sekertaris 30th (Khoirus S.)  : sregep, teliti
3.      OB 28th (Qhoziah A.)             : ikhlas, tanggel jawab
Mitra tutur :
1.      Direktur dhateng sekertaris       : ngoko alus
2.      Direktur dhateng OB                : ngoko alus
3.      Sekertaris dhateng direktur       : karma inggil
4.      Sekertaris dhateng OB  : ngoko alus
5.      OB dhateng sekertaris : krama alus

SETITI, TELITI LAN NGATI-ATI
Sekertaris         : Assalamualaikum.
Direktur            : Waalaikumsalam, melbet mbak!
Sekertaris         : Wonten ingkang saged kula biyantu pak?
Direktur            : Sampeyan saged nyambut damel ora? damel pelaporan kaya ngene wae ora bisa! (ngucal pelaporan dhateng tekel)
Sekertaris         : Nyuwun pangapunten pak, sak menika dipun kula damelaken malih pelaporanipun.
Direktur            : Ora perlu, ora ana gunane! Wis kari.  mene siang kudu sampun disetorake. Yen ngantos mene siang durung disetorake, perusahaan niki ora bisa melu tender.
Sekertaris         : Lajeng pripun pak? menika mekaten kemawon, sak menika dipun kula ngelembur kemawon damel ngerampungipun pelaporan damel enjing pak.
Direktur            : Ya wis yen ngonten. Paling dangu paringake pelaporane menyang kula benjing jam 9 enjing. Yen wis, sampeyan bisa tindak saiki.
Sekertaris         : Inggih sampun pak bilih kados mekaten kula nuwun sewu rumiyin pak.. Assalamualaikum. (Medal saking panggenanipun direktur)
Direktur            : Waalaikumsalam.
Dinten sonten, OB ngeresikaken panggenan Direktur.
OB                   : Loh napa niki? (nemu berkas geletakan dhateng tekel). Tasik penting napa mboten inggih? Inggih mpun, kula aturaken bu sekertaris benjing mawon, sapa ngertos tasik penting.
Dinten enjing OB nembe resik-resik latar, Sekertaris lewat. Lajeng OB nimbali lan nyusul sekertaris menika.
OB                   : nyuwun sewu bu.
Sekertaris         : wonten napa mbak?
OB                   : Dinten wingi kula nembe resik-resik panggenan Direktur, kula nemu menika dhateng tekel. menawi tasik penting dados kula aturaken dhateng ibu kemawon.
Sekertaris         : Loh niki lak pelaporan kula dinten wingi? (kaliyan mbikak lan maos pelaporanipun ingkang setiti, teliti, lan ngati-ati). Loh kula rasa pelaporane wis leres, lan jangkep. Matur nuwun sing akeh inggih mbak wis ngaturaken pelaporan niki marang kula. Niki damel piandel. (ngaturaken arta dhateng OB)
OB                   : Sampun bu mboten perlu repot-repot, menika sampun dados ngasta damel kula dhateng meriki
Sekertaris         : Ya wis mbak, matur nuwun sing akeh ya mbak, kula pareng dhisik. (kaliyan tindak nilaraken OB)
OB                   : Inggih bu semanten ugi. mangga bu.
Di panggenan Direktur
Sekertaris         : Assalamualaikum Pak. kula saged mlebet?
Direktur            : Waalaikumsalam, iya mangga. Kepriye pelaporane?
Sekertaris         : kula sampun ndamel pelaporanipun pak. nanging sak derengipun wonten OB ngaturaken pelaporan menika menyang kula. Ngapunten ingkang katah pak, miturut kula pelaporanipun ingkang kula damel menika sampun estu.
Direktur            : Oo.., dadi sampeyan badhe matur yen wingi kula wis kelintu neliti pelaporane, ngonten?
Sekertaris         : mboten kados mekaten pak, mangga panjenengan priksaaken malih pelaporan menika ngatos-atos. (kaliyan ngaturaken pelaporan dhateng Direktur, Direktur enggal mriksani ingkang teliti)
Direktur            : Loh, iya niki dadakman pelaporane wis leres lan jangkep. Dadi wingi kula sing kurang teliti maos lan mriksaaken pelaporane? Ya Allah…, kula wis kelintu lan nesu marang sampeyan, kula nyuwun ngapunten sing akeh amarga kula wis kelintu lan nesu marang sampeyan. Sak mangke kula bakal luwih setiti, teliti lan ngati-ati.
Sekertaris         : mboten menapa-menapa pak, ingkang penting pelaporanipun damel sak menika sampun saged siap. bilih mekaten kula pareng rumiyin pak.
Direktur            : Iya mbak, mangga.
Sekertaris         : Assalamualaikum
Direktur            : waalaikumsalam

PITUTUR ING CARIYOS SETITI, TELITI, LAN NGATI ATI
1.      Kita kedah teliti rumiyin sakderengipun tumindak.
2.      Kita mboten pareng duko nalika badhe ngoreksi.
3.      Kita mboten pareng dukani piyantun sanesipun nalika mboten wonten kasunyatan utawi bukti.
4.      Kita kedah padha tulung tinulung dhateng sesami.
5.      Kita kedah ikhlas mbiyantu sesami, mboten pareng makelaran.
6.      Kita kedah padha apura ing ngapura
7.   Kita kedah sregep ngerampungaken pendamelan kita.
Sumber gambar : 

https://br.depositphotos.com/stock-photos/funcion%C3%A1rios-brigando.html
#sambutan_bahasa_jawa
#contoh_sambutan_bahasa_jawa