Contoh Sambutan Bahasa Jawa Krama Inggil dalam Acara Isra' Miraj


'

Sumber gambar: https://salamadian.com/contoh-pidato-singkat/

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Desa Sukoharjo
Ingkang kinurmatan Ibu Ustadzah Khoirus
Para warga desa Sukoharjo ingkang kula hormati
Saha kanca-kanca karang taruna ingkang Kula tresnani.


Kula aturaken matur nuwun sanget dhumateng bapak / ibu sedaya ingkang sampun ngaturaken kula kesempatan kagem nyambut acara Isra’ mi’raj menika. Sak derengnipun monggo kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Allah swt, ingkang sampun ngaturaken nikmat saha hidayahnipun kagem kita sehingga wonten wekdal menika kita saged kempal wonten Bale Desa Sukoharjo kanthi sehat wal afiat.
Salajengnipun, kula aturaken matur nuwun sakagengnipun dhumateng sedaya para rawuh saha tamu undangan ingkang sampun kanthi ikhlas sampun ngaturaken wekdalipun kagem rawuh wonten acara isra’ mi’raj menika.
Para hadirin ingkang minulya, kita umat islam kedah saged ningkataken iman saha takwa kita dhumateng Allah Swt. Kita kedah saged langkung nyaketaken kita dhumateng Allah Swt. Lajeng kita kedah saged ngaturaken sedaya ingkang dados utusan Allah Swt saha nebihaken sedaya ingkang dados larangan-laranganipun Gusti Allah Swt. Khususnipun kagem Ibu Ustadzah Khoirus ingkang kula aturaken matur nuwun ingkang kathah kagem keikhlasanipun ngaturaken babagan agama islam kagem kita sedaya wonten wekdal menika
Kula kinten atur pambuka pengetan isra’ mi’raj wonten wekdal menika cekap semanten. Kula atas nami Ketua Panitia pangetan Isro mi’roj, ngarsa-arsa mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kita ­khususnipun masalah isro mi’roj menika saged dipun amalaken miturut tuntunan Gusti Allah Swt kagem kita sedaya umat islam. Kula nyuwun pangapunten menawi wonten kelepatan dhateng sambutan kula.

Cekap semanten, Wa billahitaufiq walhidayah,
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatu

First