Contoh dialog yang menggunakan bahasa jawa ngoko, Ngoko alus, dan krama halus

Sumber gambar: https://udfauzi.com/kata-mutiara-jawa/


Tuladha pacelathon (dialog) migunakake basa ngoko, ngoko halus, lan krama alus


1.      Pacelathon :
  1. a.       Sekolah Adiwiyata (Ngoko Lugu)

Sriminten       : Ri, sekolahane kene sida oleh juara sekolah Adiwiyata ta?
Sunari            : loh temenan ta iku? Jare sopo kowe?
Sriminten       : loh, aku iki takon, kok kowe tambah takon.
Sunari            : ya gak weruh aku Sri, tapi wingi aku krungu-krungu pas ing kantin, ana bocah guneman lek sekolahane kene entuk gelar sekolah Adiwiyata taun iki.
Sriminten       : Temenan ta Ri? Alhamdulillah.
Sunari            : Ya mugi-mugi wae temenan sing tak rungokake wingi.
Sriminten       : Aamiin.

  1. b.      Tata Krama (Ngoko Alus)

Tukiyem         : saniki akeh lare-lare sing ora semerap tata karma. Marang tiyang sepuh wae isih damel basa ngoko lugu.
Markona        : lha iya. Kula ya prihatin marang lare jaman saniki. Panjenengan pirsani ta gayane wicaranipun wae kaya ngono .
Tukiyem         : wingi wae kula semerap ana bocah cilik putranipun wak Sunari didawuhi wak Sunari mundhut uos teng pasar, mung ya ora gelem lan mbantah wak Sunari karo gawe basa ngoko lugu lan nyentak-nyentak.
Markona        : Ya Allah, ancene bocah jaman saniki tata kramane wis ilang, tiyang sepuh wae lek ndawuhi malah dibantahi, kok ya ora nduwe tata karma. Nelongso banget wak Sunari. Tiyange wis sepuh banget, eh putranipun malah ora kagungan tata karma karo ramanipun.
Tukiyem         : iya mbak, kita piyambak lek kagungan putra kudu dipundawuhi lan ajari tata karma kang sae mulai isih alit.
Markona        : iya mbak, supaya putranipun kita kagungan tata karma kang sae. Mboten kaya putranipun wak Sunari.
  1. c.       Njaga Lingkungan (Krama alus)

Wak Sunari (Pak RT)   : Warsa kawuri desa kita kengeng banjir, ing mangsa rendeng sak menika ampun ngantos kengeng banjir maleh
Paimin                           : Injeh Wak, kita kedah saged njagi lingkungan, kados pundi caranipun supados mboten kengeng banjir maleh kados warsa kawuri
Wak Sunari                 : kita sedaya kedah kopak njagi lingkungan wiwiti saking sarira kita piyambak, dumugi lingkungan sak kiwo tengenipun kados griyanipun piyambak-piyambak mergi-mergi, lepen, lan sak panunggalanipun.
Paimin                         : Injeh panci leres, sedaya menika dipun kulinaaken saking kesadaran piyambak lan pakulinan supados njagi kebersihan lingkungan.